Mendamba UN yang Jujur
OPINI | Dimuat di Jurnal Nasional pada Senin 18 April 2011
Sertifikasi Otomatis Cetak Guru Profesional?
Dimuat di Harian Solopos pada Selasa 4 Nopember 2008
Wajah Bopeng Pendidikan Kita
Refleksi Hardiknas
Kaji Ulang Ujian Nasional
Dimuat di Jurnal Nasional pada Sabtu 11 Mei 2013
Setelah RSBI dibubarkan
OPINI | Sutrisno, Guru SMPN 1 Wonogiri
Senin, 11 November 2019
Kamis, 19 September 2019
PERANGKAT INSTRUMEN PEMETAAN MUTU PENDIDIKAN DASAR DAN MENENGAH
Perangkat Instrumen Pemetaan Mutu Pendidikan Radar dan Menengah.
TINGKAT SMP
DOWNLOAD DI SINI
Semoga bermanfaat...
Like & Subscribe
my YouTube Channel trisnosolo
https://www.youtube.com/channel/UCXrpUBUWm9eEKlI1-9r8YFw
Kamis, 12 September 2019
KISI-KISI BAHASA INGGRIS PTS GASAL 2019/2010
KISI-KISI BAHASA INGGRIS PTS GASAL 2019/2010
KELAS VII DOWNLOAD DI SINI
KELAS VIII DOWNLOAD DI SINI
KELAS IX DOWN0LOAD DI SINI
Semoga bermanfaat...
Like & Subscribe
My YouTube channel trisnosolo
https://www.youtube.com/channel/UCXrpUBUWm9eEKlI1-9r8YFw
Kamis, 11 Juli 2019
TULADHA PANDONGA PAHARGYAN PENGANTEN ADAT JAWA
PAHARGYAN PENGANTEN ADAT JAWA
Yaa Allah, ya Rohman
Mugi Paduka ndadosaken pernikahan punika pernikahan ingkah kebak barokah
Dados pambukaning rahmat kagem penganten kekalih,
saha tiyang sepuhipun, keluarga lan sedaya ummat
Pernikahan ingkang saged nyampurnakaken iman saha Islamipun
Pernikahan ingkang saget ndadosaken peganten kekalih tansah sabar lan syukur
Pernikahan ingkang saged ndadosaken penganten kekalih langkung dewasa
Saged ndadosaken margi kagem penganten kekalih pinaringan welas asih saking Paduka
Ya Allah, ya Ghoffar
Mugi Paduka paring pangapunten dhumateng penganten kekalih, awit sedaya kalepatan saha kekhilafanipun......
Saha kalepatan dhumateng tiyang sepuhipun, miwah kalepatan sanes-sanesipun
Mugi keparenga Paduka paring dhumateng penganten kekalih qalbu ingkang suci lan niat ingkang jejeg
Mugi keparenga Paduka paring dhumateng penganten kekalih tekad ingkang kiat
Mugi penganten kekalih Paduka tedahaken margi ingkang dipun Ridhai
Mugi keparenga penganten kekalih Paduka reksa saking panggodaning Syetan supados saged nglampahi gesang bebrayan ingkang sae
Ya Allah ya Ahad
Mugi kepareng Paduka paring dhumateng penganten kekalih manah ingkang manunggal
Kados dene Paduka manunggalaken Adam lan Hawa
Kados dene Paduka ndadosaken welas lan asih antawisipun Rasulullah lan Khadijatul Kubra
Kados dene Paduka ndadosaken welas lan asih ingkang tulus antawisipun Ali bin Abi Thalib lan Fatimatus Zahra
Ya Allah ya Wadud
Mugi kepareng Paduka paring dhumateng penganten kekalih Tresna trinesnanan rikala caket
Ingkang tansah njagi satunggal lan satunggalipun rikala tebih
Ingkang tansah sami caos panglipur rikala susah
Ingkang sami caos pepenget supados tansah taat
Ingkang tansah sami caos pandonga kagem kesaenan
Ingkang tansah sami nyampurnakaken ibadahipun
Mugi Paduka ndadosaken pernikahan punika pernikahan ingkah kebak barokah
Dados pambukaning rahmat kagem penganten kekalih,
saha tiyang sepuhipun, keluarga lan sedaya ummat
Pernikahan ingkang saged nyampurnakaken iman saha Islamipun
Pernikahan ingkang saget ndadosaken peganten kekalih tansah sabar lan syukur
Pernikahan ingkang saged ndadosaken penganten kekalih langkung dewasa
Saged ndadosaken margi kagem penganten kekalih pinaringan welas asih saking Paduka
Ya Allah, ya Ghoffar
Mugi Paduka paring pangapunten dhumateng penganten kekalih, awit sedaya kalepatan saha kekhilafanipun......
Saha kalepatan dhumateng tiyang sepuhipun, miwah kalepatan sanes-sanesipun
Mugi keparenga Paduka paring dhumateng penganten kekalih qalbu ingkang suci lan niat ingkang jejeg
Mugi keparenga Paduka paring dhumateng penganten kekalih tekad ingkang kiat
Mugi penganten kekalih Paduka tedahaken margi ingkang dipun Ridhai
Mugi keparenga penganten kekalih Paduka reksa saking panggodaning Syetan supados saged nglampahi gesang bebrayan ingkang sae
Ya Allah ya Ahad
Mugi kepareng Paduka paring dhumateng penganten kekalih manah ingkang manunggal
Kados dene Paduka manunggalaken Adam lan Hawa
Kados dene Paduka ndadosaken welas lan asih antawisipun Rasulullah lan Khadijatul Kubra
Kados dene Paduka ndadosaken welas lan asih ingkang tulus antawisipun Ali bin Abi Thalib lan Fatimatus Zahra
Ya Allah ya Wadud
Mugi kepareng Paduka paring dhumateng penganten kekalih Tresna trinesnanan rikala caket
Ingkang tansah njagi satunggal lan satunggalipun rikala tebih
Ingkang tansah sami caos panglipur rikala susah
Ingkang sami caos pepenget supados tansah taat
Ingkang tansah sami caos pandonga kagem kesaenan
Ingkang tansah sami nyampurnakaken ibadahipun
Robbanaa hablana min azwaajina … dst
Allohumma aarinal haqqo haqqo… dst
Robbana aatina fi dunya hasanah… dst
Robbana taqobbal minna innaka anta samiul aliim. Watub alaina innaka anta tawaaburrohiim
Wa shollallohu ala sayyidina … dst
Allohumma aarinal haqqo haqqo… dst
Robbana aatina fi dunya hasanah… dst
Robbana taqobbal minna innaka anta samiul aliim. Watub alaina innaka anta tawaaburrohiim
Wa shollallohu ala sayyidina … dst
Wassalamu alaikum warahmatullahi wa barokatuh
(Sanggar Tresno Budaya Surakarta - 085-6006-999-26)
Rabu, 10 Juli 2019
PAMBAGYAHARJA NGUNDUH MANTU (BOYONG PENGANTEN)
Kula
nuwun
Assalamualaikum Wr Wb.
Kawilujengan,
kamulyan minggahipun katentreman, mugi tansah kajiwa saha kasarira dhumateng
hangga panjenengan sedaya dalasan kula.
Para
pinisepuh saha sesepuh ingkang satuhu kinabekten, sumrambahipun dhumateng para
tamu kakung saha putri ingkang winantu ing pakurmatan.
Nuhoni
dhawuhipun Bp ..................................... kekalih, keparenga kula
matur ing ngarsa panjenengan sedaya, namung sak derengipun kula nglajengaken
matur, langkung rumiyin sumangga kula
dherekaken sesarengan ngunjukaken puji syukur wonten
ngarsanipun Gusti ingkang Maha Kawasa,
ingkang sampun paring kasarasan, kawilujengan saha katentreman dhumateng
panjenengan sedaya dalasan kula, satemah ngantos ing titi wanci punika panjenenga
lan kula taksih saget makempal manunggal wonten ing wisma pahargyan kanthi
manggih suka basuki.
(Wigatosing atur kula minangka
sesulih saking Bp ............... kekalih kepareng matur wonten ngarsa
panjenengan sedaya awit bombonging manah, ingkang hamengku gati sampun
ngawuningani semanten kathahipun para tamu engkang kepareng lenggah ing sasana
pahargyan, kanthi makaten Bp ....................kekalih mboten kuwawi matur
piyambak, namung kandheg wonten ing jangga kewala.)
Para
tamu kakung saha putri ingkang winantu bagya mulya, minangka babaring atur,
kepareng kula ngambali ngaturaken pambagya wilujeng rawuh saha gunging panuwun
ingkang tanpa pepindan, awit saking rawuh panjenengan sedaya. Maliginipun
dhumateng besan sekaliyan jangkep sakpendherek ingkang kula tresnani, mugi panjenengan sedaya
keparenga lelenggahan kanthi
suka mardikaning manah, nganthos
dumugi pari-purnaning pahargyan [pawiwahan]
ing kalenggahan punika.
Para
tamu kakung saha putri ingkang winengku ing karahayon, panyuwunipun saking
Bp................................ kekalih, mugi wonten keparengipun para tamu
kakung saha putri paring pandonga dhumateng putra
penganten sekaliyan, mugi ing mangkenipun putra ingkang nembe kaboyong punika,
sageta ngabekti dhumateng
Gusti Allah SWT miwah
mituhu dhumateng tiyang sepuhipun
kekalih, lan mboten kesupen sageta
labuh labet dhumateng bebrayan agung ing masyarakat.
Atur
saklajengipun Bp .....................................
kekalih ugi ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami dhumateng sanak kadang,
mitra pitepangan sedaya ingkang sampun kepareng hanyengkuyung saha paring tali asih menapa dene pambiyantu
ingkang arupi punapa
kemawon, awit peparing panjenengan kalawau saget ndamel enthenging
sesanggan ingkang hamengku gati, sepisan
malih hangaturaken agunging panuwun.
Awit
saking panyengkuyung panjenengan sedaya, ingkang hamengku gati mboten saget
caos piwales menapa-menapa, namung sedaya kalawau kahaturaken wonten
ngarsanipun ingkang Maha Kawasa,
mugi-mugi kanthi kesaenan panjenengan pinaringan lelintu ingkang samurwat saha
saget dados amal ingkang sae maliginipun dhumateng pribadi panjenengan
piyambak-piyambak.
Hambokbilih
hanggenipun nampi rawuh panjenengan sedaya saha hanggenipun caos papan
palenggahan saha sanes-sanesipun, kirang mrananani saha kirang trep kaliyan kalenggahan
panjenengan sedaya, Bp.......................................... kekalih
nyuwun agunging pangapunten.
Ndungkap
atur saklajengipun,
panyuwunipun Bp ....................................... kekalih, dhumateng para
tamu kakung saha putri ingkang sampun kepareng lenggah wonten ing sasana
pahargyan boyong penganten punika, kasuwun hanglajengaken lelenggahan ngantos paripurnaning pahargyan.
Makaten
menggah atur kula, kula minangka sulihipun ingkang hamengku gati, wonten kirang
saha langkungipun hanggen kula matur, kula nyuwun agunging pangapunten.
Cekap
semanten, matur
nuwun.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
(Sanggar Tresno Budaya Surakarta - 085-6006-999-26)
(Sanggar Tresno Budaya Surakarta - 085-6006-999-26)
PANAMPI PASRAH NGUNDUH MANTU (BOYONG PENGANTEN)
PANAMPI PASRAH
NGUNDUH MANTU (BOYONG PENGANTEN)
Kula nuwun.
Assalamualaikum
Wr Wb.
Kawilujengan, kamulyan minggahipun
katentreman, mugi tansah kajiwa saha kasarira dhumateng hangga panjenengan
sedaya dalasan kula.
Para pinisepuh saha sesepuh ingkang
satuhu kinabekten, sumrambahipun para tamu kakung saha putri ingkang satuhu
luhuring budi, maliginipun Bp....................................... ingkang
minangka srayanipun Bp.......................................... sekaliyan.
Langkung rumiyin sumangga kula
dherekaken sesarengan, ngunjukaken puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti
ingkang Maha Kawasa, ingkang sampun paring kasarasan, kawilujengan saha
katentreman dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, satemah wonten ing titi
wanci punika, panjenengan sedaya dalasan kula, taksih saget makempal manunggal
wonten ing papan pahargyan kanthi wilujeng.
Kula minangka sulihipun
Bp........................................ kekalih, ngaturaken pambagya
wilujeng rawuh saha gunging panuwun awit rawuh panjenengan sakpangambyong wonten ing papan pahargyan punika, wondene
anggen panjenengan ngaturaken salam taklim saking
Bp.......................................... sekaliyan, kula tampi kanthi atur Wa’alaikum salam Wr Wb, tumuli badhe kula aturaken dhumateng
ingkang hamengku gati.
Ing
saklajengipun hanggen panjenengan masrahaken penganten sarimbit, ugi
kula tampi kanthi bingahing manah,
tumuli badhe hanindakaken tata cara pahargyan nut satataning adat ingkang
sampun lumampah wonten ing wewengkon mriki. Ing salajengipun kula suwun
panjenengan sapangombyong kersa hangestreni saha paring pandonga dhumateng
penganten sarimbit lan mugi lampahipun pahargyan tansah manggih wilujeng,
kinalisa saking sedaya rubeda.
Katur Bp....................................
sakpangambyong, hambokbilih pahargyan samangke sampun paripurna, kula
namung ndherek ngaturaken wilujeng
kondur, mugi ing mangke konduripun tansah manggih wilujeng, dumugi dalemipun
piyambak-piyambak mboten wonten alangan setunggal punapa.
Makaten atur panampi kula, kula minangka
sulihipun ingkang hamengku gati, sepisan malih wonten kirang saha langkungipun
hanggen kula matur, kula tansah nyuwun agunging pangapunten.
Cekap semanten, matur nuwun
Wassalamualaikum
Wr. Wb.
(Sanggar Tresno Budaya Surakarta 085-6006-999-26)
HATUR PASRAH PENGANTEN (NGUNDUH MANTU)
PAHARGYAN NGUNDUH MANTU (BOYONG PENGANTEN)
Kula nuwun
Assalamualaikum
Wr Wb.
Kawilujengan, kamulyan minggahipun
katentreman, mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng hangga panjenengan sedaya
dalasan kula.
Para pinisepuh saha sesepuh ingkang
satuhu kinabekten, sumrambahipun para tamu kakung saha putri ingkang satuhu luhuring budi, maliginipun
Bp......................................... ingkang minangka srayanipun
Bp.......................................... sekaliyan.
Sak derengipun kula nglajengaken matur,
langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sesarengan ngunjukaken puji syukur
wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Kawasa, ingkang sampun paring kasarasan,
kawilujengan saha katentreman dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula,
satemah ing titi wanci punika,
panjenengan sedaya dalasan kula taksih saged makempal manunggal wonten ing
papan pahargyan kanthi wilujeng.
Menggah wigatosing pisowan kula, kula
minangka srayanipun
Bp................................ kekalih, ngaturaken salam taklim kanthi atur Assalamualaikum Wr wb, mugi
kahaturaken dhumateng ingkang
hamengku gati, hatur salajengipun sowan kula dipun sinaraya supados
hamasrahaken penganten sarimbit Bg..................................
admajanipun Bp....................................... sekaliyan, ingkang sampun
hanjatu krami kaliyan Rara.................................... putra
pawestrinipun Bp......................................sekaliyan.
Awit
sedayanipun sampun cekap, pramila penganten sarimbit kula pasrahaken
dhumateng panjenengan, mugi ing mangke penganten kekalih kagulawenthah kados
dene putranipun piyambak. Ing saklajengipun kula sakpangambyong namung ndherek
memuji, mugi lampahipun pahargyan tansah
manggih wilujeng kalis ing sedaya rubeda.
Hambok bilih pahargyan samangke sampun
paripurna, kula sakpangambyong nyuwun
pamit saha nyuwun donga pangestu ing mangke wangsul kula tansah manggih
wilujeng ing sedayanipun.
Makaten menggah ingkang saget kula
aturaken wonten ngarsa panjenengan, mboten kesupen wonten lepat anggen kula
sowan sakpangambyong, punapa dene kula ingkang minangka talanging basa, wonten
kirang saha langkungipun kula tansah nyuwun agunging pangapunten.
Cekap semanten, Matur nuwun
Wassalamualaikum
Wr Wb.
(Sanggar Tresno Budaya Surakarta 085-6006-999-26)
Langganan:
Postingan (Atom)


















