NO WASTING TIME!

Selasa, 27 Agustus 2024

PAMBAGYAHARJO LELAYU/KESRIPAHAN

 Tuladha Pambagyaharja ing Kesripahan

Bismillahirahmanirahim… Assalamualaikum wr wb

 

Innalilahi wainaillaihirojiun.

 

Sakyektosipun sedoyo ingkang gesang ing ngalam donya menika kagunganipun Gusti Allah pramilo boten mokal bilih samangkenipun badhe kondur dhateng ngarsanipun Gusti Allah.

 

Kados prastowo ingkang kasandang penjenenganipun Almarhumah ibu Sri Umiyani ingkang katemben marak sowan dhateng ngarsanipun Gusti Allah SWT rikala dinten Rabu Legi surya kaping pitu Agustus 2024 wonten ing RS Kasih Ibu Surakarta lantaran gerah sakwetawis wekdal.

 

Estunipun keluarga boten kirang-kirang anggenipun mbudidaya murih Almarhumah saget waluyo jati, jati satemah waluyo, namung pambudidayaning manungso boten saget nduwo karsaning Gusti ingkang Maha Kawasa, kridaning budi datan saget mbedhah kutaning pasti, hawit saking meniko poro putro sageta ngiklasaken sedanipun Almarhumah Ibu Sri Umiyani.

 

Poro pinisepuh sesepuh ingkang satuhu kinabekten, para asung bela sungkawa ingkang kulo hormati, hawit saking raos sungkawaning manah, Bopo Suharto Mulyono ingkang katemben nandang duhkito, tinilar Almarhumah Ibu Sri Umiyani, panjenenganipun Bopo Suharto Mulyono mboten kuwawi matur wonten ngarsa panjenengan sedaya, kanthi meniko kulo pinongko sesulih saking Bopo Suharyo Mulyono sak kluarga, keparengo kulo matur ing ngarsa panjenengan sedaya, wonten ing pangruktinipun layon dinten punika.

 

Para asung bela sungkawa ingkang satuhu kinurmatan...

Ingkang sepisan, Bopo Suharto Mulyono sak kalawangsa ngaturaken sugeng rawuh saha ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindan awit rawuh panjenengan sedaya ing pangruktinipun layon menika.

 

Lan ugi hambok bilih anggenipun nampi rawuh panjenengan sedoyo, wonten kirang ing samudayanipun Bopo Suharto Mulyono tansah nyuwun pangapunten ingkang agung.

 

Ingkang ongko kalih, mboten katalumpen ugi panjenenganipun Bopo Suharyo Mulyono mawantu-wantu nyuwun tambahing dungo pamuji mugi-mugi alusanipun almarhumah Ibu Sri Umiyani katampio wonten ngarsanipun Gusi Allah SWT, dipun paringono papan panggenan ingkang langkung sae tinimbang wonten alam ndunyo, dipun tampi sedoyo amal kesaenanipun, dipun apunten sedoyo duso kalepatanipun, dipun fajaraken kuburipun, tinebihno sikso kuburipun, kalebetaken sedo ingkang khusnul khotimah.

 

Soho poro putro ingkang tinilar tansaho manggih bagyo mulyo, rahayu wilujeng, tansah dipun paringi ketabahan, kesabaran, kesehatan soho kekiatan iman satemah saget nglajengaken cita-citanipun almarhumah duk rikolo taksih sugengipun.

 

Ingkang ongko tigo, hambok bilih rikolo sugengipun almarhumah Ibu Sri Umiyani  hanggadahi kalepatan dumateng panjenengan sedoyo, mugi panjenengan ugi kerso paring pangapunten, lan hambok bilih duk rikolo sugengipun almarhumah Ibu Sri Umiyani nggadahi petangan awujud menopo kemawon dumateng panjenengan sedoyo, samangke sak bibaripun pangruktinipun layon kulo aturi seambetan kalian poro ahli warisipun supados dipun rampungaken sahenggo estu pisowananipun almarhumah saget resik saking petangan kadunyan.

 

Ingkang ongko sekawan, Bopo Suharto Mulyono ngaturaken agunging panuwun, dumateng poro sanak kadang, tonggo tepalih, poro mitro pitepangan ingkang sampun kepareng paring jurung pambyantu awujud menopo kemawon. Mugi sedoyo kacatet dados amal sholeh panjenengan,satemah Gusti Allah SWT paring lintu ngkang sak traju kaliyan amal kesaenan panjenengan sedoyo.

 

Ingkang ongko gangsal, nyaosi pirso bilih layonipun almarhumah Ibu Sri Umiyani badhe kasareaken wonten makam Pracimoloyo Makamhaji, pramilo hambok bilih poro asung bela sungkawa samangke sepen ing pambengan dalasan dangan ing penggalih, kaaturan nderekaken soho nguntapaken layonipun dumugi pemakaman, namung hambok bilih taksih kathah ayahan ingkang mboten saget tinilar, konduripun nderekaken sugeng kondur, mugi-mugi rahayu ingkang sami pinanggih, dumugi dalemipun piyambak-piyambak.

 

Ingkang pungkasan, Kulo pribadi hambok bilih anggen kulo ngaturaken pambagyo nawung sungkowo kathah klentu saha kekirangan, nyuwun agunging samudro pangaksami.

 

Akhiru kalam wabillahi toufik wal hidayah. Wassalamualaikum wrwb.


Subscribe, Like, and Share my Youtube channel trisnosolo

0 komentar: