NO WASTING TIME!

Rabu, 10 Juli 2019

HATUR PASRAH PENGANTEN (NGUNDUH MANTU)


HATUR PASRAH
PAHARGYAN NGUNDUH MANTU (BOYONG PENGANTEN)

Kula nuwun
Assalamualaikum Wr  Wb.
Kawilujengan, kamulyan minggahipun katentreman, mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng hangga panjenengan sedaya dalasan kula.
Para pinisepuh saha sesepuh ingkang satuhu kinabekten, sumrambahipun para tamu kakung saha putri  ingkang satuhu luhuring budi, maliginipun Bp......................................... ingkang minangka srayanipun Bp.......................................... sekaliyan.
Sak derengipun kula nglajengaken matur, langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sesarengan ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Kawasa, ingkang sampun paring kasarasan, kawilujengan saha katentreman dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, satemah ing titi wanci  punika, panjenengan sedaya dalasan kula taksih saged makempal manunggal wonten ing papan pahargyan kanthi wilujeng.
Menggah wigatosing pisowan kula, kula minangka srayanipun  Bp................................ kekalih,  ngaturaken salam taklim kanthi atur Assalamualaikum Wr wb,   mugi  kahaturaken dhumateng  ingkang hamengku gati, hatur salajengipun sowan kula dipun sinaraya supados hamasrahaken penganten sarimbit Bg.................................. admajanipun Bp....................................... sekaliyan, ingkang sampun hanjatu krami kaliyan Rara.................................... putra pawestrinipun Bp......................................sekaliyan.
Awit  sedayanipun sampun cekap, pramila penganten sarimbit kula pasrahaken dhumateng panjenengan, mugi ing mangke penganten kekalih kagulawenthah kados dene putranipun piyambak. Ing saklajengipun kula sakpangambyong namung ndherek memuji, mugi lampahipun pahargyan tansah  manggih wilujeng kalis ing sedaya rubeda.
Hambok bilih pahargyan samangke sampun paripurna, kula sakpangambyong  nyuwun pamit saha nyuwun donga pangestu ing mangke wangsul kula tansah manggih wilujeng ing sedayanipun.
Makaten menggah ingkang saget kula aturaken wonten ngarsa panjenengan, mboten kesupen wonten lepat anggen kula sowan sakpangambyong, punapa dene kula ingkang minangka talanging basa, wonten kirang saha langkungipun kula tansah nyuwun agunging pangapunten.
 Cekap semanten, Matur nuwun
 Wassalamualaikum Wr  Wb.
(Sanggar Tresno Budaya Surakarta 085-6006-999-26)

0 komentar: