KIDUNG SIRAMAN CALON PENGANTEN
Dhandanggula Pl 6
Werdine kang budaya piningit
Upacara siraman samangkya
Puji dunga siramane
Sinten
kang arsa mantu
Hamiwaha putra kinasih
Nindakaken upacara
Siraman satuhu
Amrih kalis sambekala
Tulus widada manggya suka basuki
Binerkahan pangeran
Rama ibu wus samekta gati
Sinengkuyung dening para warga
Piniji kawibawane
Sadaya cacah pitu
Gunggung nawa sanga hanenggih

Dahat trusing kalbu
Siniram tirta marta
Sekar setaman ginarujug slira rukmi
Mrih sirnaning sukerta
Ginosokan lulur manca warni
Iku asung pituduh sanyata
Reresik jiwa ragane
Tirta kacidhuk siwur
Mengku wardi ngupadi ngelmi

Cinadhi ing kalbu
Paugeraning bebrayan
Hangemuti laku jantraning ngaurip
Mrih bisa kasembadan
Rama ibu kang murwakani
Hanyirami maring
putranira
Wujude trisna asihe
Yekti jejering sepuh
Ingkang tansah hamarsudi
Hanggegulang mring putra
Bebuden kan luhur
Bisowa dadi panutan
Annggonira mbangun bale wisma nini
Wibawa basukarya
Pinisepuh cacah sapta yekti
Dadya pralampita
sanyata
Sagung piranti uripe
Kulit daging lan rambut
Otot balung sungsum lan getih
Saperlu hamanunggal
Amrih bisa runtut
Sagung tindak tandukira
Lelandesan paugeraning ngaurip
Tansah eling pangeran
Hamungkasi pituduh sayekti
Upacara siraman samangkya
Ingkang agung paedahe
Marang kang nembe mantu
Mugi hantuk berkahing Gusti
Kali sing
sambe kala
Wahyune tumurun
Handayani kulawarga
Hanampiya kanugrahan kang sayekti
Purwa madya wasana
(Sanggar
Tresno Budaya Surakarta)
0 komentar:
Posting Komentar